Dening : Rifzika Aulia
Roshada
"Kukuruyuk..." Swara jago kluruk
ing sisih omah. Dina iki srengenge padhang, saben dina Minggu bocah-bocah padha
dolan. Ana sing dolan ning pinggir kali, ana sing bal-balan, ana sing
pasar-pasaran. Nanging biasane aku lan kanca-kanca dolan ning cerak kolam.
"Assalamualaikum...Rif”.
Swarane Riska
"Wassalamualaikum".
Wangsulanku
"Ayo
dolan ning kolam cedhak komplek, kanca-kanca wis nungguni kowe". Celathune
Riska
"Ya
Ris...yawes kowe saiki mbonceng aku wae".
"Krek...Krek...Krek". Swara pitku sing muni amarga banne
diwenehi botol aqua. Sakwise ketok kolam kanca-kanca wis padha nunggu lan wis
padha gawa pancing. Aku bingung amarga padha gawa pancing, nanging aku ora
dhewe. Kancaku banjur njupuk kayu sing dawa lan masang benang ning kayu.
"Kowe
mancing nganggo iki wae Rif". Celathune Rifki
"Hah...?
mosok kayu iki bisa dinggo mancing?. Wangsulanku
"Wislah
kowe manut aku wae". Celathune Rifki
Aku banjur mancing iwak lele ning kolam
komplek cerak omah. Nunggu pirang-pirang menit iwak durung ana sing kecekel.
Setengah jam aku lan kanca-kanca nunggu nganti sabar. "He...aku entok iwak
lele". Celathune Hafiz. Kanca-kanca banjur padha seneng ndelok Hafiz wis
entok iwak siji. "Sssss...Prak...Prakk!!!". Swara pecut saka pojok
kolam. Aku lan kanca-kanca banjur mlayu krungu swara pecut. Sing duwe kolam
nesu-nesu amarga aku lan kanca-kanca ora nembung nek arep mancing ning kolamme.
Pancing lan pit padha ketinggal ning cerak kolam.
"Kowe
ki do pye, ngajak-ngajak aku mancing ning kolamme uwong ning padha ra nembung?
Nek ngene ki padha wae awakdhewe maling!!!". Celathuku
"Aku
njalok ngapuro karo kowe, aku ya mung dijak karo kanca-kanca". Celathune
Riska
"Mending
awakdhewe saiki njupuk pancing karo pit sing ketinggal ning cerak kolam".
Celathune Rifki
"Karo
njalok ngapura karo Pak Salim". Celathune Hafiz
Aku lan kanca-kanca banjur padha bali ning
kolam meneh amarga njupuk pit lan njalok ngapura karo Pak Salim sing nduwe
kolam. Pas ketok kono Pak Salim nunggoni kolamme. Aku lan kanca-kanca padha ora
ana sing wani. Nanging aku wanek-wanekke nyedhaki Pak Salim. Pak Salim wis
ngapurakke aku lan kanca-kanca. Aku lan kanca-kanca janji ora arep mbaleni
meneh amarga kui sikep sing ora becik. Pak Salim banjur ngajak aku lan kanca-kanca
nguras kolam. Kabeh padha njebur ning kolam, nanging aku ning pinggir-pinggir
kolam amarga aku wedi.
Bar rampung nguras kolam aku ngajak pamitan
karo Pak Salim. Pak Salim ngenei iwak lele dinggo opah ngewangi nguras kolam.
Aku lan kanca-kanca banjur padha bali ning ngomahhe dhewe-dhewe. Ibu wis
nunggoni kula ning ngarep teras.
"Kowe
dolan ning ngendi wae nok?". Celathune Ibu
"Aku
mau dolan ning nggone Pak Salim buk, karo kanca-kanca". Wangsulanku karo
mlayu ning jedhing banjur adus.
Wiwit sore aku lan kanca-kanca wis ana ning
cerak masjid nunggoni adzan maghrib. Bar adzan maghrib aku lan kanca-kanca
padha sholat banjur arep bakar-bakar iwak lele sing diwenehi Pak Salim mau
awan. Banjur wis iwakke mateng aku lan kanca-kanca padha mangan bareng.
"Eh...aku
nduwe ide?". Omonge Edo
"Ide
apa do?". Wangsulane Rifki
"Nek
awakdhewe dolanan jelangkung pye?". Celathune Edo
"Kowe
ki rasah aneh-aneh kuwi dolanan sing mistis lan spiritual". Wangsulanku
Swasana banjur hening lan sepi. Kanca-kanca
setuju, nanging aku ora dhewe. Edo banjur gawe sing dibutuhke dinggo gawe
jelangkung. Kanca-kanca padha nyiapke panggon dinggo jelangkunge. Aku mung
ndelokke kanca-kanca amarga aku ora setuju. Jelangkung wis siap didolanke. Edo
maca mantra-mantra. Aku banjur wedi, lampu-lampu sing ana ning teras dipateni.
Riska bengak-bengok amarga weruh bayangan sing ana ning pager SMP N 1
Banguntapan. Aku lan kanca-kanca banjur padha mlayu dhewe-dhewe. Dolanane padha
ditinggal amarga saking kewedene.
Isuk-isuk Pak Ustad kaget weruh jelangkung
ning cerak masjid. Pak Ustad banjur mbuang jelangkunge ning sampah. Wiwit sore
kanca-kanca padha ngumpul ning cerak masjid. Padha ngomongke mau bengi. Riska
kapok amarga weruh bayangan ning pager.
“Uweslah
Do…mau bengi Riska weruh bayangan amarga dolanan jelangkung, apa kowe ora
kapok?”. Celathuku
“Ah…kui
mung perasaanne Riska wae”. Wangsulane Edo
“Eh…mengko
meneh, padha dolanan jelangkung ning cerak masjid”. Celathune Edo ngajak
kanca-kanca dolanan jelangkung.
Aku banjur nggoleki Pak Ustad. Aku
ngomongke sing dilakokke Edo lan kanca-kanca mau bengi. Aku lan Pak Ustad
banjur ndelok saka adoh Edo lan kanca-kanca dolanan jelangkung. Pak Ustad
ngajak aku ndelok saya cerak. Edo maca mantra-mantra. Nanging kanca-kanca padha
muteri jelangkung. Pak Ustad banjur ngurepke lampu teras masjid. Kanca-kanca
lan Edo kaget weruh lampu urep dhewe. Pak Ustad
banjur nyekel Edo.
“Arep
ning ngendi kowe Do?”. Celathune Pak Ustad
“Pak…Pak
kula nyuwun ngapura ora arep dolanan jelangkung meneh”. Wangsulane Edo karo
bengak-bengok
“Dolanan
jelangkung ki ora oleh, kanca-kancamu malah padha tok jak”. Celathune Pak Ustad
“Enggeh
Pak Ustad kula nggeh kapok dolanan jelangkung lan wis ngajak kanca-kanca”.
Wangsulane Edo
“Saiki
kowe karo kanca kanca padha ngresiki masjid lan mbuang jelangkung iki”.
Celathune Pak Ustad
Edo lan kanca-kanca banjur padha mbuang
ning sampah dolanan jelangkunge kui mau lan banjur neruske ngresiki masjid. Ana
sing nyapu, ana sing ngepel, ana sing ngrapekke masjid. Edo kapok amarga dolanan
jelangkung. Aku lan Pak Ustad ngguyu weruh Edo. Pak Ustad ngendika dolanan
tradisional kuwi aja padha ditinggalke, nanging aja dolanan sing mistis lan
spiritual.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar